rss

Kamis, 11 Desember 2008

MAKEMPALAN

Dening Yoni Ahmad


Semarang, 24 Maret 2007

Sesarengan makempal ing latar
Klasa-klasa wis digelar
Jagung lan iwak siap dibakar
Geber wis ditali tampar
Tenda wis gagah ing ngatase sesuketan
Kayu wis wis ngadeg ngedangi dalan
Bareng-bareng padha mangan
Isine mung sesenengan
Pancek luwih enak kaya ngene
Kumpul bareng karo kancane
Diwiwiti saka sore
Nganti sedina suwene
Nambah raketing rasa kulawarga
Padha pandung ing sega
Sithik akeh mangga ditrima
Kanca-kanca padha lela

0 komentar:


Posting Komentar

Sugeng Rawuh Ing Blog Sastra Jawa

MENU SASTRA JAWA

ISI BLOG SASTRA JAWA

Ngengingi Blog Sastra Jawa

    http://sphotos.ak.fbcdn.net/hphotos-ak-snc1/hs090.snc1/4929_1015933657460_1798657107_31689_3739002_n.jpg
    SUGENG RAWUH

    Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
    Ing blog menika taksih kathah ingkang kedah dipunleresaken, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
    Nuwun...

Facebook Sastra Jawa

PAGUYUBAN JAWA SUTRESNA

    Yahoo



    Facebook Followers

WEBSITE JAWA

BLOG KANCA

 

Follow Sastra Jawa Blog

Featured Video

SUGENG RAWUH ING BLOG SASTRA JAWA
go to my homepage
..:: Klik gambar mlebet blog ::..
Bahasa, Sastra, lan kabudayan Jawi punika satunggaling waris ingkang kedah dipunuri-uri
Sugeng Rawuh, Katur para Jawa Sutresna ingkang sampun setya. Sastra Jawa Blog menika minangka salah satunggaling sasana kangge nguri-uri sastra lan kabudayan jawi. Sastra Jawi menika warisan saking para leluhur kang wigati sanget. Amargi sastra menika minangka arta, pusaka, lan uga rasa, rasa ing Jawa.
Ing blog menika taksih kathah kekirangan, bilih panjenengan kagungan pamanggih kirim mawon ing "BLOG@SASTRAJAWA.CO.CC"
Nuwun...

Isi buku Tamu || FaceBook Sastra Jawa || Profil Kula

| | |
Copyright@sastra-jawa007